Ajisaka duwe abdi loro cacahe kang aran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi njaga keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada. Welinge mangkene:
- Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali
- Kerise ora kepareng diwenehake sapa wae kajaba Ajisaka dewe.
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh didhahar Dewatacengkar, nanging Ajisaka duwe panyuwun, yaiku lemah saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.
Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget. Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkarngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul, Dewatacengkar kecemplung badar dadi baya putih.
Sawise nyirnaake Dewatacengkar, Ajisaka banjur diwisuda dadi ratu ana ing Nagara Medangkamulan. Ajisaka banjur ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka dewe. Dora njaluk kerise, nanging Sembada ora ngulungake, amarga dudu Ajisaka dewe kang mendhet. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan.
Dora lan Sembada perang tanding. Loro-lorone padha digdayane banjur mati kabeh. Kanggo pangeling-eling lelakon iku, Ajisaka nganggit aksara jawa cacahe rong puluh (20). Aksara Jawa iku mangkene:
- HA NA CA RA KA tegese ana utusan
- DA TA SA WA LA tegese padha pasulayan
- PA DHA JA YA NYA tegese padha digdayane ( kuwate / sektine )
- MA GA BA THA NGA tegese padha mati kabeh

maksudnya gimana kak ? saya tidak paham bahasa jawa ??
BalasHapusjadi itu sejarah awal mulanya aksara jawa . anda bisa belajar mulai sekarang kak
BalasHapus