• Untuk kamu yang kurang di sukai oleh seseorang dan merasa tidak semangat lagi satu tempat dengan dia saya sarankan "Hadiahkan dia Surah al-fatihah setelah kamu selesai sholat, agar dia menjadi pribadi yang lebih baik lagi dan luluh hatinya".
  • Untuk kamu yang ragu dengan kemampuan fisik mu jika akan melakukan suatu pekerjaan apapun (misal, kerja di ISP dan harus berani naik tower), sebelum melakukan pekerjaanmu itu bacalah : lahaula walakuata ilabilahil aliyil adzim, insyaallah kamu akan di bderi kekuatan secara lahir maupun batin.
  • Untuk kamu yang pernah kerasukan(waktu lampau) lalu saat kemah dan kamu takut akan suasananya, takut akan terulang lagi maka cukup bacalah "surah al-ikhlas. al-falaq, an-nas pada saat kamu selesai sholat magrib dan subuh".

"Dadio banyu, ojo dadi watu"

Senajan ketok lemah, nanging banyu nduweni kekuwatan sing dahsyat. Tetes sak tetese banyu, uga bisa nggigiske watu.Awake dhewe bisa sinau menawa urip neng donya iki awake dhewe kudu luwih ngengarepake sifat lemah lembut kaya banyu. Donya iki kebak karo pasulayan. Rampungno pasulayan kuwi niru kelembutan saka banyu. Ajaa niru katosan saka watu. Yen kowe niru atose watu jero ngrampungne saben masalah neng donya iki, mula masalah kesebut temtu malah tambah akeh pasulayan anyar. 


"Sopo Sing Temen Bakal Tinemu"

Yen duwe urusan inkang ameh kok wujudake senajan okeh godhane lakonono kanthi tememen besuk mesti bakal ngunduh.

– Sing penting dianggep ora penting.
– Sing ora penting dipenting-pentingno.

– Sing elek dianggep apik.
– Sing apik dielek-elek.

– Sing bener disalahke.
– Sing salah dibener-benerke.

– Sing jane tontonan dianggep tuntunan.
– Sing mestine tuntunan malah dadi tontonan.

– Ora ono manungso sing sempurno.
– Ora ono manungso sing ora nduwe dosa.
– Mulo podho enggal-enggal tobato.
– Mumpung durung ditimbali sing KUWOSO.

Zamane zaman edan
– Akeh menungso podho lali karo pengeran.
– Ngaku agamane Islam nanging ora gelem sembahyang.
– Hobine maksiat sak ndalan-dalan.
– Nyambut gawe podho sungkan.
– Bandane negoro malah digawe rayahan.

Zamane-zaman maju
– Akeh wong wadhon podho kemayu.
– Yen bengi podho metu ngguya-guyu.
– Mung trimo mamerne pupu.
– Turut ngisor wit waru.
– Jebule mung payu sewu.

Zamane-zaman globalisasi 
– Akeh wong wes lali karo dzat kang moho suci, duwit korupsi dianggep rejeki.
– Akeh santri sing podho gak gelem ngaji.
– Ugo akeh KYAI sing lali karo santri.
– Malah MELU-MELU REBUTAN KURSI.
– Manungso kuwi dititah podho.
– Nanging yen masalah bondo dijatah bedo.
– Mulo manungso iku wajibe mung usaha karo ndonga.
– Entuk rezeki sepiro atine seng nrimo.
– Ra usah meri karo konco sak podho-podho.
– Akeh wong stres mergo uripe ra beres.
– Rino wengi mung mburu ndonya.
– Njur lali karo agomo.
– Ojo podho nggersulo ndak gelis tuwo.
– Wong yen nrimo uripe dowo.
– Wong sing sabar rejekine jembar.
– Wong yen ngalah uripe bakal barokah.
– Sopo seng jujur uripe makmur.
– Wong suloyo uripe rekoso.
– Wong seng sombong amale bakal kobong.
– Sopo sing tlaten tembe mburi bakal panen.
– Akeh wong ngaku Islam agamane.
– Tapi tumindake sak karepe dewe.

Zamane wes zaman tuwo 
– Akeh manungso wis angel ditoto karo tuntunane agomo.
– Senengane malah podho gae dosa.
– Tumindak dosa sak bendino podho ra kroso.
– Sitik-sitik ra ketoro.
– Suwe-suwe dadi cetho.
– Koyo wong tumindak dosa dilakoni sak bendino.
– Dosa lantaran omongan.
– Lantaran kuping lan tangan.
– Kadang-kadang ora kroso mergo pancen wes kulino.
– Sing ati-ati lan waspodho.
– Menowo siro ngobrol karo konco.
– Ngrasani tonggo.
– Ngojah alane liyo.
– Kadang ra rumongso awake gawe dosa.
– Ayo mumpung durung telat.
– Enggal-enggal podho tobat.
– Timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab.
– Mung dosa epele kang ora dirasake.
– Nanging gedhe akibate marang awake dewe.
– Mumpung isih urip.
– Ngibadaho kanti tertib.
– Ngelingono yen wes mati.
– Ora bakal iso bali.
– Mumpung isih waras.
– Ibadaho kanti ikhlas.
– Ngelingono yen wis lara.
– Ora biso opo-opo.
– Mumpung isih longgar.
– Ibadaho kanti sabar.
– Ngelingono yen wis repot.
– Ibadah rasane abot.



   Ajisaka duwe abdi loro cacahe kang aran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi njaga keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada. Welinge mangkene:
  1. Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali
  2. Kerise ora kepareng diwenehake sapa wae kajaba Ajisaka dewe.
   Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh didhahar Dewatacengkar, nanging Ajisaka duwe panyuwun, yaiku lemah saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.
   Ajisaka njereng ikete.  Jebul ikete amba banget. Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkarngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul, Dewatacengkar kecemplung badar dadi baya putih.
   Sawise nyirnaake Dewatacengkar, Ajisaka banjur diwisuda dadi ratu ana ing Nagara Medangkamulan. Ajisaka banjur ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka dewe. Dora njaluk kerise, nanging Sembada ora ngulungake, amarga dudu Ajisaka dewe kang mendhet. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan.
   Dora lan Sembada perang tanding. Loro-lorone padha digdayane banjur mati kabeh. Kanggo pangeling-eling lelakon iku, Ajisaka nganggit aksara jawa cacahe rong puluh (20). Aksara Jawa iku mangkene:
  • HA NA CA RA KA tegese ana utusan
  • DA TA SA WA LA tegese padha pasulayan
  • PA DHA JA YA NYA tegese padha digdayane ( kuwate / sektine )
  • MA GA BA THA NGA tegese padha mati kabeh

Sing wis Lungo, Lalekno

Sing durung Teko, Entenono
Sing wis Ono, Syukurono


Iki tetuah wong jowo, eling-elingono lan lakonono.
Sehat kuwi yen.
Mangan enak.
Turu kepenak.
Ngibadah jenak.
Tonggo semanak.
Keluarga cedhak.

Bondo cemepak.
Kubur ra sesak.
Suwargo mbukak.
Sedulur grapyak.
Ono panganan ora Cluthak.
Ketemu konco ngguyu NGAKAK.. .